Para Hakim 7:1-6 JAV

1 Bareng wayah esuk Sang Yerubaal -- yaiku Sang Gidheon -- sabalane kabeh kang ndherekake banjur budhalan sarta makuwon ana ing sacedhake sendhang Harod; dene pakemahane wong Midian ana ing salore, sandhing gunung More, ing lebak.

2 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.

3 Kang iku kowe ngundhangna marang rakyat iku mangkene: Sapa kang jirih lan wedi, iku mundura kareben mulih, sumingkira saka ing pagunungan Gilead.” Banjur ana kang padha mundur wong rolikur ewu, kang kari mung sapuluh ewu.

4 Ewasamono Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Gidheon: “Balane isih kakehen; padha dhawuhana mudhun ngombe banyu; ana ing kono bakal padha Sunsaring kanggo sira. Sapa kang Sundhawuhake marang sira: Iki kang bakal melu sira, yaiku kang bakal melu sira lan endi kang Sundhawuhake marang sira: Iki aja melu sira, iku iya aja melu.”

5 Balane tumuli padha didhawuhi menyang panggonan banyu, Sang Gidheon banjur didhawuhi dening Pangeran Yehuwah: “Sapa kang ngombe banyu klawan ndilat, patrape kaya asu ndilat banyu, iku sira dhewekna, mangkono uga sapa kang ngombe klawan jengkeng.”

6 Cacahe wong kang padha ngombe kanthi nyidhuk banjur kaparakake marang ing cangkeme iku ana telung atus, nanging liyane saka panunggalane para bala iku anggone ngombe kabeh klawan jengkeng.