Para Hakim 7:14-20 JAV

14 Kancane mangsuli, tembunge: “Iku ora liya pedhange Gidheon bin Yoas wong Israel; Gusti Allah wis ngulungake wong Midian lan pakemahan iki kabeh marang ing tangane.”

15 Bareng Sang Gidheon midhanget critane impen dalah katrangane iku mau, tumuli enggal-enggal sujud. Sawuse mangkono banjur wangsul menyang ing pakemahane wong Israel sarta ngandika: “Padha ngadega, awit Sang Yehuwah wus ngulungake pakemahane wong Midian marang ing tanganmu.”

16 Wong telung atus mau tumuli dipara dadi telung pantha, sarta sawiji-wijining wong dicekeli kalasangka lan guci kothong kang diiseni obor.

17 Wong-wong nuli padha didhawuhi: “Padha ngawasna lan nirua aku: lah samangsa aku wis tekan ing tapel-watese pakemahan, nuli kowe padha nirua sapratingkahku.

18 Samangsa aku lan wong kabeh kang melu aku ngunekake kalasangka, kowe iya banjur padha ngunekna kalasangka uga ana ing sakubenge pakemahan iku kabeh sarta padha nguwuh-uwuha: “Demi Pangeran Yehuwah lan demi Sang Gidheon!”

19 Sang Gidheon karo wong satus kang ndherek tumuli padha tekan ing tepis-wiringe pakemahan nalika wiwitane giliraning jaga ing tengah wengi, nalika para prajurit jaga lagi bae padha kapapanake. Banjur padha ngunekake kalasangkane sarta ngremuki guci kang ana ing tangane.

20 Kaya mangkono anggone wong telung pantha mau bebarengan padha ngunekake kalasangkane lan ngremuki gucine, obore dicekeli ing tangane kiwa lan kalasangkane ing tangane tengen, padha diunekake karo nguwuh-uwuh: “Pedhange Pangeran Yehuwah lan Sang Gidheon!”