Para Hakim 7:25 JAV

25 Wong-wong mau padha bisa nawan ratune wong Midian loro; yaiku: Prabu Oreb lan Zeeb. Prabu Oreb iku disedani ana ing gunung parang Oreb lan Prabu Zeeb ana ing pamipitan Zeeb. Wong-wong ngoyak wong Midian. Mustakane Prabu Oreb lan Prabu Zeeb mau banjur padha digawa menyang ing ngarsane Sang Gidheon ana ing sabrangane bengawan Yarden.

maca bab lengkap Para Hakim 7

tampilan Para Hakim 7:25 ing konteks