6 Cacahe wong kang padha ngombe kanthi nyidhuk banjur kaparakake marang ing cangkeme iku ana telung atus, nanging liyane saka panunggalane para bala iku anggone ngombe kabeh klawan jengkeng.
7 Sang Yehuwah banjur ngandika marang Sang Gidheon: “Srana wong telung atus kang padha ngombe mangkono iku anggoningSun bakal ngluwari sira. Ingsun bakal ngulungake wong Midian marang tanganira, nanging wong liyane iku kabeh padha lilanana mulih menyang ing panggonane dhewe-dhewe.”
8 Sangune wong akeh iku lan kalasangkane padha ditinggal lan banjur padha dililani mulih menyang ing tarube dhewe-dhewe, nanging kang telung atus mau padha diendheg. Anadene pakemahane wong Midian iku ana ing sangisore, ana ing lebak.
9 Ing bengi iku Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Gidheon: “Sira ngadega, mundhuna lan tempuhen pakemahane, awit wus Sunulungake ing tanganira.
10 Nanging manawa sira isih wedi nempuh, sira mudhuna kalawan baturira si Pura, lan banjur menyanga ing pakemahane,
11 nuli sira bakal krungu apa kang dadi rerasanane, temah sira bakal wani mudhun nempuh pakemahane iku.” Sang Gidheon tumuli mandhap kanthi abdine si Pura iku, nganti tekan ing pajaganing wadya-bala kang ngarep dhewe ing pakemahan kono.
12 Wong Midian lan wong Amalek tuwin wong sagolongane wong saka ing sisih wetan padha pating glimpang ana ing lebak, kehe kaya walang, lan untane tanpa wilangan kaya wedhi ing pinggiring sagara.