10 Nalika samana Prabu Zebah lan Prabu Salmuna iku padha ana ing Karkor kanthi balane watara limalas ewu, yaiku kekarening balane wong ing tanah wetan kabeh, dene kang wus padha tiwas satus rong puluh ewu kang padha asikep gegaman pedhang.
11 Sang Gidheon tumuli nglurug ngliwati jajahane wong kang padha manggon ana ing kemah, ing sawetane Nobah lan Yogbeha, banjur nggepuk wadya-bala iki, nalika wong-wong iku ngira wus padha slamet.
12 Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha keplajeng, nanging banjur dioyak, wekasan ratune wong Midian sakarone: Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha kapikut sarta balane dibuyarake.
13 Sawuse mangkono Sang Gidheon bin Yoas wangsul saka ing peperangan, tindake nglangkungi unggah-unggahan Heres;
14 ana bocah lanang pendhudhuking Sukot kang dicekel. Sawise didangu, nuli kadhawuhan nyatheti asmane para panggedhe ing Sukot lan para tuwa-tuwane kagem Sang Gidheon, kehe wong pitung puluh pitu.
15 Sang Gidheon banjur murugi wong ing Sukot, sarta ngandika: “Iki lho Zebah lan Salmuna, kang padha kokkandhakake kanthi pemada marang aku: Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kapurih nyukani roti dhateng para tiyang panjenengan ingkang sayah punika?”
16 Para tuwa-tuwane kutha tumuli padha diklumpukake banjur mundhut eri ara-ara samun lan rerungkudan, kagawe ngapokake wong ing Sukot.