17 Karomaneh menara ing Pnuel dirubuhake lan wong ing kutha kono padha dipateni.
18 Sawuse iku Sang Gidheon tumuli ngandika marang Prabu Zebah lan Prabu Salmuna: “Wonten ing pundi tiyang-tiyang ingkang sami panjenengan pejahi wonten ing redi Tabor?” Wangsulane: “Warninipun kados panjenengan, tindak-tandukipun kados putraning ratu.”
19 Pangandikane sang Gidheon: “Punika sami sadherek kula, anakipun biyung kula; demi Sang Yehuwah ingkang gesang, saupami punika sami panjenengan gesangi, panjenengan mesthi boten kula pejahi.”
20 Tumuli dhawuh marang Sang Yeter, putra pambajeng: “Ngadega, patenana?” Nanging wong anom iku ora ngunus pedhange, amarga wedi, amarga isih enom.
21 Prabu Zebah lan Prabu Salmuna tumuli padha ngandika: “Sumangga panjenengan piyambak jumenenga nempuh dhumateng kawula, amargi kadosdene tiyangipun, makaten ugi karosanipun.” Sang Gidheon banjur jumeneng lan nyedani Prabu Zebah lan Prabu Salmuna, tumuli mundhuti kalung-kalung rembulanan kang ana ing guluning unta-untane.
22 Sawuse mangkono wong Israel banjur padha matur marang Sang gidheon: “Panjenengan mugi karsaa ngasta paprentahan mangagengi kula, inggih panjenegan, inggih putra-wayah panjenengan, amargi panjenengan ingkang ngluwari kula saking tanganipun tiyang Midian.”
23 Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong-wong mau: ‘,Aku ora bakal ngereh kowe, lan anakku uga ora, nanging Pangeran yehuwah kang ngereh kowe kabeh.”