20 Tumuli dhawuh marang Sang Yeter, putra pambajeng: “Ngadega, patenana?” Nanging wong anom iku ora ngunus pedhange, amarga wedi, amarga isih enom.
21 Prabu Zebah lan Prabu Salmuna tumuli padha ngandika: “Sumangga panjenengan piyambak jumenenga nempuh dhumateng kawula, amargi kadosdene tiyangipun, makaten ugi karosanipun.” Sang Gidheon banjur jumeneng lan nyedani Prabu Zebah lan Prabu Salmuna, tumuli mundhuti kalung-kalung rembulanan kang ana ing guluning unta-untane.
22 Sawuse mangkono wong Israel banjur padha matur marang Sang gidheon: “Panjenengan mugi karsaa ngasta paprentahan mangagengi kula, inggih panjenegan, inggih putra-wayah panjenengan, amargi panjenengan ingkang ngluwari kula saking tanganipun tiyang Midian.”
23 Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong-wong mau: ‘,Aku ora bakal ngereh kowe, lan anakku uga ora, nanging Pangeran yehuwah kang ngereh kowe kabeh.”
24 Sarta maneh pangandikane Sang Gidheon: “Mung saprakara kang dadi panjalukku marang kowe kabeh: sawiji-wijining panunggalanmu ngwenehana aku anting-anting, saka ing jarahane.” -- Amarga mungsuhe mau padha nganggo anting-anting, jer iku padha wong Ismael --
25 Atur wangsulane wong-wong mau: “Sumangga kula aturaken kanthi legawaning manah.” Banjur padha njereng jarit sarta siji-sijinel padha nguncalake anting-anting saka ing jarahane marang ing jarit iku.
26 Dene bobote anting-anting mas kang dipundhut Sang Gidheon iku sewu pitung atus sekel, durung kapetung kang arupa rembulanan, rerenggan kuping tuwin jarit wungu nom tilas pangagemane para ratune wong Midian, apadene kalung-kalung kang ana ing guluning unta-untane.