3 Dene Gusti Allah wus ngulungake ratune wong Midian, yaiku Oreb lan Zeeb marang ing tanganmu; apa kang wus daktindakake iku apa ta, yen katandhing karo panggawemu iku?” Bareng Sang Gidheon ngandika mangkono, tumuli lilih nepsune wong mau marang panjenengane.
4 Sarawuhe Sang Gidheon ing bengawan Yarden, banjur nyabrang kadherekake bala telung atus mau, sanadyan isih padha sayah, ewadene iya isih padha ngoyak.
5 Wong ing Sukot tumuli padha dipangandikani: “Wong kang padha melu aku iku mbok padha kokwenehi roti sawatara, awit wis padha sayah, aku lagi padha ngoyak-oyak Zebah lan Salmuna, ratune wong Midian.”
6 Nanging para panggedhe ing Sukot padha matur: “Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kadhawuhan nyukani roti dhateng wadya-bala panjenengan punika?
7 Pangandikane Sang Gidheon: “Yen mangkono manawa Sang Yehuwah ngulungake Zebah lan Salmuna marang ing tanganku, awakmu bakal daksapu klawan eri pasamunan lan rerungkudan.”
8 Tumuli nglajengake tindake tutug ing Pnuel, lan wong ing kono uga didhawuhi kaya mangkono, nanging wong ing Pnuel iku iya mangsuli kaya kang dadi wangsulane wong ing Sukot mau.
9 Wong Pnuel banjur dipangandikani uga: “Manawa aku bali slamet, menara iki bakal dakrubuhake.”