10 Wit-witan tumuli sami nembung dhateng wit ara: Sumangga ta, panjenengan kula aturi dados ratu kula!
11 Nanging wit ara mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal lelegiku lan wohku kang becik-becik, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
12 Wit-witan lajeng sami nembung dhateng wit anggur: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula!
13 Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
14 Wit-witan lajeng sami nembung dhateng eri bebondhotan: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula.
15 Eri bebondhotan lajeng mangsuli dhateng wit-witan mau: Manawa dhasar temen-temen anggonmu padha arep njebadi aku dadi ratumu, mara padha ngauba ana ing ayomku; nanging manawa ora, kareben ana geni kang metu saka ing bebondhotan lan mangsa wit-wit kang ana ing pagunungan Libanon.
16 Ingkang punika manawi dhasar tumindak panjenengan punika klayan temen-temen, saha jujur, inggih punika anggen panjenengan ndadosaken ratu Abimelekh, saha manawi panjenengan nandukaken pandamel sae dhateng Rama yerubaal saha turunipun, manawi panjenengan malesaken panjenenganipun ingkang satimbang kaliyan lelabetanipun,