20 Nanging bilih boten makaten, mugi wontena latu ingkang medal saking Abimelekh ingkang mangsa para tiyang ing kitha Sikhem lan ing Bet-Milo ngantos telas sarta wontena latu ingkang medal saking para tiyang ing kitha Sikhem lan ing Bet-Milo ingkang mangsa dhateng Abimelekh.”
21 Sang Yotam tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Beer sarta manggen ana ing kono marga saka ajrihe marang Sang Abimelekh sadhereke iku.
22 Bareng Sang Abimelekh wus oleh telung taun anggone ngratoni ing Israel,
23 Gusti Allah banjur nuwuhake semangat ala ing antarane Sang Abimelekh lan para wong ing kutha Sikhem, satemah wong ing Sikhem iku padha ora setya marang Sang Abimelekh,
24 supaya panganiaya kang tumanduk marang para putrane Sang Yerubaal pitung puluh iku oleha piwales lan wutahing getihe katempuhna marang Sang Abimelekh sadhereke, kang wus nyedani para putra mau, sarta marang wong ing kutha Sikhem, kang padha mbiyantu nyedani para sadhereke iku.
25 Amarga wong ing kutha Sikhem iku padha mapanake wong kang ngadhang panjenengane ana ing perenging gunung sarta padha mbegali sapa kang liwat metu ing dalan kono. Prakara iku kawartakake marang Sang Abimelekh.
26 Nalika samana Gaal bin Ebed dalah para sadulure wus padha teka lan ngalih menyang ing kutha Sikhem. Wong ing kutha Sikhem padha kumandel marang dheweke.