29 Saupama aku ngwasani wong-wong ing kutha kene, Abimelekh mesthi daktundhung.” Dheweke banjur celathu marang Abimelekh: “Payo santosakna balamu, enggal ngluruga!”
30 Bareng Sang Zebul, panggedhene kutha kono, mireng tembunge Gaal bin Ebed mau, banjur muntab dukane.
31 Sang Zebul banjur nglampahake utusan menyang ing ngarsane Sang Abimelekh ing Aruma, kadhawuhan matur: “Lah Gaal bin Ebed kaliyan para sadherekipun sami dhateng ing Sikhem, tuwin kauningana, punika sami ngojok-ojoki tiyang Sikhem supados nglawan dhumateng panjenengan dalem.
32 Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.
33 Benjing-enjing, ing wanci pletheking surya panjenengan dalem kawula aturi nempuh kitha punika. lah manawi pun Gaal sabalanipun sami medali nglawan panjenengan dalem, panjenengan dalem lajeng karsaa nandukaken punapa ingkang laras kaliyan kawontenan, ingkang panjenengan dalem uningani.”
34 Mulane Sang Abimelekh ing wayah bengi banjur bidhal dalah rakyat kang ndherekake kabeh, sarta ana ing Sikhem tumuli nganakake panyegatan patang pantha kanggo nglawan Sikhem.
35 Bareng Gaal bin Ebed metu lan ngadeg ana ing ngarepe gapuraning kutha iku, Sang Abimelekh pinuju budhal saka ing panyegatan karo rakyat kang ndherekake.