45 Sang Abimelekh panempuhe marang kutha iku nganti sadina muput; kuthane direbut lan wong-wong saisine dipateni, kuthane digempur lan disawuri uyah.
46 Bareng wong saisine kutha Menara-Sikhem krungu kang mangkono iku, banjur padha lumebu ing guwa sangisore kabuyutane El-Berit.
47 Sang Abimelekh nuli dicaosi uninga, yen sakehing wong ing kutha Menara-Sikhem nglumpuk ana ing kono.
48 Sang Abimelekh dalah sabalane kabeh tumuli munggah ing gunung Zalmon. Sang Abimelekh banjur mundhut wadung lan ngethoki pang-panging wit-witan, tumuli dipanggul sarta dhawuh marang wong kang padha ndherekake: “Enggal padha nindakna apa kang daklakoni, kang padha kok deleng iki!”
49 Balane banjur iya padha ngethoki pang dhewe-dhewe sarta ndherekake Sang Abimelekh; kayune tumuli ditumpangake ing guwa mau, sarta guwa iku diobong klawan geni ana ing sadhuwure sirahe wong-wong mau, temah wong-wong saisine kutha Menara-Sikhem iya padha mati, lanang lan wadon watara wong sewu.
50 Sawuse mangkono Sang Abimelekh banjur nglurugi kutha Tebes, nuli dikepung lan dibedhah.
51 Nanging ing satengahing kutha ana menara kang santosa, kang diungseni dening wong lanang lan wadon, kabeh saisine kutha iku; lawange banjur dikancing lan wonge padha munggah ing payone menara iku.