51 Nanging ing satengahing kutha ana menara kang santosa, kang diungseni dening wong lanang lan wadon, kabeh saisine kutha iku; lawange banjur dikancing lan wonge padha munggah ing payone menara iku.
52 Sang Abimelekh uga wus rawuh ing menara kono, kang banjur ditempuh lan saged nrobos nganti tekan ing lawanging menara lan arep mbesmi iku.
53 Nanging nuli ana sawenehing wong wadon, kang nibakake watu panggilingan ngenani mustakane Sang Abimelekh, temah remuk.
54 Sang Abimelekh tumuli nimbali abdi kang ngampil gegamane, iku didhawuhi: “Pedhangmu unusen, aku patenana, supaya aku aja nganti dikandhak-kandhakake: Wong wadon kang mateni.” Banjur disuduk dening abdine dadi lan sedane.
55 Bareng wong Israel padha weruh yen Sang Abimelekh wus seda, tumuli padha mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.
56 Mangkono anggone Gusti Allah malesake durakane Sang Abimelekh kang ditandukake marang ramane, yaiku anggone nyedani sadhereke pitung puluh.
57 Mangkono uga sakehing durakane wong ing Sikhem iya ditempuhake marang sirahe dhewe dening Gusti Allah. Kaya mangkono dadine ipat-ipate Sang Yotam bin Yerubaal kang tumanduk marang wong-wong mau.