6 Sakehing wong ing kutha Sikhem lan ing Bet-Milo banjur padha nglumpuk ana ing sacedhake wit elon ing panggonan tugu pangeling-eling kang ana ing kutha Sikhem, njumenengake Sang Abimelekh dadi ratu.
7 Bareng Sang Yotam kawartanan bab lelakon iku mau, tumuli tindak sarta mapan ing pucaking gunung Gerizim, banjur nguwuh-uwuh kalawan swara seru marang wong-wong mau, mangkene: “Lha mugi sami midhangetna atur kula, dhuh para ingkang sami manggen ing kitha Sikhem, supados Gusti Allah inggih miyarsakna atur panjenengan ugi.
8 Ing satunggaling dinten wit-witan sami nglempak badhe milih ingkang badhe dipun jebadi dados ratunipun. Tembungipun dhateng wit jaitun: Sumangga panjenengan kula aturi dados ratu kula!
9 Nanging sami dipun wngsuli dening wit jaitun wau: Apa kiramu aku gelem ninggal lengaku, kang kanggo ngluhurake gusti Allah lan manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
10 Wit-witan tumuli sami nembung dhateng wit ara: Sumangga ta, panjenengan kula aturi dados ratu kula!
11 Nanging wit ara mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal lelegiku lan wohku kang becik-becik, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
12 Wit-witan lajeng sami nembung dhateng wit anggur: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula!