8 Ing satunggaling dinten wit-witan sami nglempak badhe milih ingkang badhe dipun jebadi dados ratunipun. Tembungipun dhateng wit jaitun: Sumangga panjenengan kula aturi dados ratu kula!
9 Nanging sami dipun wngsuli dening wit jaitun wau: Apa kiramu aku gelem ninggal lengaku, kang kanggo ngluhurake gusti Allah lan manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
10 Wit-witan tumuli sami nembung dhateng wit ara: Sumangga ta, panjenengan kula aturi dados ratu kula!
11 Nanging wit ara mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal lelegiku lan wohku kang becik-becik, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
12 Wit-witan lajeng sami nembung dhateng wit anggur: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula!
13 Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?
14 Wit-witan lajeng sami nembung dhateng eri bebondhotan: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula.