11 saka taler Benyamin: Abidan bin Gidheoni;
12 saka taler Dhan: Ahiezer bin Amisyadai;
13 saka taler Asyer: Pagiel bin Okhran;
14 saka taler Gad: Elyasaf bin Rehuel;
15 saka taler Naftali: Ahira bin Enan.”
16 Iku para wong kang pinilih saka antarane para umat iku, siji-sijine dadi pemimpining talere para leluhure, iku padha dadi panggedhene bala Israel.
17 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli nimbali wong-wong kang wus padha kasebut jenenge mau.