1 Kacarita Korakh bin Yishar bin Kehat bin Lewi sakuthon karo Datan lan Abiram, padha anake Eliab lan On bi Pelet, telu-telune wong Ruben, padha mbalela, ngajak wong-wong,
2 mbalela marang Nabi Musa, bebarengan karo wong Israel rong atus seket, padha panggedhene umat, kang pinilih dening pasamuwan, kabeh padha wong kajen,
3 iku padha nglumpuk ngrubung Nabi Musa lan Imam Harun, sarta matur: “Sapunika sampun cekap! Tiyang saumat sadaya punika suci, sarta Pangeran Yehuwah wonten ing tengahipun; ingkang punika kadospundi, dene panjenengan kok sami ngluhuraken sarira ngungkuli pasamuwanipun Sang Yehuwah?”
4 Bareng Nabi Musa midhanget prakara iku banjur sumungkem sujud,
5 sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.
6 Kowe padha nindakna mangkene: Padha njupuka padupan, he Korakh lan kowe kabeh grombolane,
7 padha dekekana geni lan dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sesuk-esuk nuli wong kang kapilih dening Sang Yehuwah, iku kang suci. Wus cukup samene bae, eh para bani Lewi!”
8 Nabi Musa banjur nyambeti pangandikane marang Korakh: “He, wong bani Lewi, padha ngrungokna!
9 Apa durung cukup tumrap kowe, anggonmu wus padha dibedakake dening Gusti Allahe Israel saka ing antarane umat Israel, diparengake sowan marang ing ngarsane, supaya kowe padha nglakoni ayahan ana ing Tarub Sucine Pangeran Yehuwah, sarta ngladeni pasamuwan,
10 kowe dalah para sadulurmu wong bani Lewi kabeh padha kalilan sowan, mangka saiki kowe kok padha ngarah kalenggahan imam?
11 Mulane kowe dalah grombolanmu kabeh banjur sakuthon nglawan marang Pangeran Yehuwah; sapa ta Imam Harun iku, dene kok padha kokgrundeli?”
12 Anadene Nabi Musa wus utusan nimbali Datan lan Abiram, para anake Eliab, nanging iku pangucape: “Aku padha emoh mara.
13 Apa durung cukup anggonmu nggawa aku kabeh metu saka ing tanah kang luber puwan lan madu, arep kokpateni ana ing pasamunan, dene saiki kok isih bae anggonmu nguwasani marang aku kabeh.
14 Satemene aku ora padha kokgawa menyang tanah kang luber puwan lan madu, iya ora padha kokwenehi pategalan utawa pakebonan anggur minangka tanah-pusaka; mangsa bisaa kowe mblithuk wong-wong iku! Aku padha emoh mara!”
15 Nabi Musa banget dukane, banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Sesaosanipun mugi sampun Paduka tampeni, kawula boten nate mendhet kuldinipun namunga satunggal kemawon, saha dhateng tiyang-tiyang wau satunggal kemawon, dereng nate kula nandukaken piawon.”
16 Nabi Musa banjur ngandika marang Korakh: “Kowe lan sagrombolanmu kabeh sesuk padha sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, iya kowe dalah wong-wong iku sarta Imam Harun.
17 Siji-sijine padha nggawaa padupan lan dokokana dupa, nuli kowe padha nyaosna padupanmu dhewe-dhewe marang ngarsane Sang Yehuwah, padupan rong atus seket iji; mangkono uga kowe lan Imam Harun, nggawaa padupanmu dhewe-dhewe!”
18 Tumuli iya kelakon, siji-sijine nggawa padupane, diwenehi geni lan didokoki dupa, sarta padha ngadeg ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, mangkono uga Nabi Musa lan Imam Harun.
19 Bareng Korakh wus nglumpukake sagrombolane kabeh sarta nglawan panjenengane sakloron ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, cahya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang wong sapasamuwan kabeh.
20 Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:
21 “Sira padha sumingkira saka ing tengahe golongan iku, nuli bakal padha Suntumpes ing sakedhap netra.”
22 Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem sarta matur: “Dhuh Gusti, Allah ingkang mengku rohipun sawarnining tumitah. Tiyang satunggal ingkang damel dosa, punapa inggih Paduka lajeng badhe maringi bebendu dhateng pasamuwan punika sadaya?”
23 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
24 “Sira ndhawuhana marang umat iku mangkene: Padha sumingkira saka ing tarube Korakh, Datan lan Abiram.”
25 Nabi Musa banjur jumeneng murugi tarube Datan lan Abiram, kadherekake dening para tuwa-tuwane Israel,
26 tumuli ngandika marang wong saumat kabeh: “Padha sumingkira saka ing tarube wong iki lan aja nganti nggepok apa-apane kang dadi duweke, supaya kowe aja nganti katut katumpes marga saka dosane!”
27 Wong-wong banjur padha sumingkir saka ing saubenge tarube Korakh, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram banjur padha metu ngadeg ana ing lawanging tarube karo somahe, sarta anak-anake gedhe-cilik.
28 Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Marga saka lelakon iki kowe bakal padha sumurup, manawa aku diutus dening Sang Yehuwah supaya nindakake prakara iki kabeh, dadi ora saka karepku dhewe,
29 manawa wong-wong iku padha mati kaya salumrahe manungsa, lan bakal ngalami kaya kang dialami dening saben wong, dadi aku ora diutus dening Sang Yehuwah.
30 Balik manawa Pangeran Yehuwah nganakake lelakon kang durung tau kelakon, yaiku manawa bumi ngengakake cangkeme nguntal wong-wong iku dalah apa bae kang kadarbe, temah urip-uripan anggone kacemplung ing jagade wong mati, dadi kowe bakal ngreti, yen wong-wong iku wus padha nyampahi marang Pangeran Yehuwah.”
31 Lagi bae Nabi Musa kendel anggone ngandika mangkono, bumi kang dienciki wong-wong mau bengkah,
32 sarta ngangapake cangkeme lan nguntal wong-wong mau dalah brayate, apadene sagrombolane Korakh kabeh lan sabarang darbeke.
33 Kaya mangkono wong-wong mau urip-uripan padha kacemplung ing jagade wong mati dalah wong sagrombolane kabeh; banjur kasasaban ing bumi, padha tumpes sirna saka ing satengahing pasamuwan.
34 Wong-wong Israel kang ana ing saubenge kabeh padha lumayu ngadoh awit krungu panjerite, awit osiking atine: “Mengko bumi gek padha nguntal kita uga!”
35 Karomaneh ana geni metu saka ing Pangeran Yehuwah kang mangsa wong rong atus seket kang padha nyaosake padupan iku mau.
36 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:
37 “Eleazar anake Imam Harun dhawuhana njupuki padupan saka ing papane geni kang nyalad lan genine kapencarna kang adoh, marga kabeh iku sengkeran,
38 padupane wong kang padha dosa kang wus nombokake nyawane; pada kagemblenga kang tipis kagawea mblongsong misbyah, marga wus disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, mulane kabeh iku wus padha dadi sengkeran; sarta padha dadia pratandha tumrap wong Israel.”
39 Imam Eleazar tumuli njupuki padupan tembaga sesaosane wong-wong kang wus kobong mau, banjur digembleng kagawe mblongsong misbyah.
40 Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.
41 Nanging esuke wong Israel saumat kabeh padha pating kedumel mapali marang Nabi Musa lan Imam Harun, ature: “Panjenengan ingkang sami mejahi umatipun Sang Yehuwah.”
42 Kacarita bareng umat mau padha mapali nglawan Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha ngadhepake Tarub Pasewakan, lah tarube tumuli katon kalimputan ing mega, sarta cahya kamulyaning Yehuwah ngetingal.
43 Nabi Musa lan Imam Harun banjur padha sowan marang ing ngarepe Tarub Pasewakan.
44 Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa:
45 “Sira padha sumingkira saka ing satengahe umat iki, wong-wong iku bakal padha Suntumpes sakedhap netra.” Karone banjur padha sumungkem sujud.
46 Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Padupane jupuken, wenehana geni saka ing misbyah, lan dokokana dupa, umat iku enggal paranana lan nganakna pirukun kanggo wong-wong iku, awitdene bebendune Pangeran Yehuwah wus mulad-mulad, wewelak mau wus wiwit nempuh.”
47 Imam Harun banjur mendhet padupan kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, sarta enggal-enggal lumayu menyang ing satengahe para umat, lan wewelake wus katon wiwit nempuh marang wong-wong mau, genine nuli didokoki dupa sarta nganakake pirukun kanggo bangsa iku.
48 Bareng Imam Harun jumeneng ana ing antarane wong kang wus mati lan kang isih urip, wewelake leren.
49 Anadene cacahe kang mati dening wewelak iku mau ana patbelas ewu pitung atus, iku kajaba kang padha mati awit saka prakarane Korakh.
50 Imam Harun tumuli murugi Nabi Musa ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan; wewelake wus sirep.