1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:
2 “Sira nglakokna wong sawatara kang nelik marang tanah Kanaan, kang bakal Sunparingake marang wong Israel; saben talering leluhure kapiliha wong siji, padha panunggalane para pemimpin.”
3 Nabi Musa banjur ngirimake wong kang bakal padha nelik mau saka ing pasamunan Paran, miturut dhawuhe Sang Yehuwah, kabeh iku pemimpine wong Israel.
4 Dene pratelane jeneng-jenenge yaiku: Saka taler Ruben: Syamua bin Zakur;
5 saka taler Simeon: Safat bin Hori;
6 saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;
7 saka taler Isakhar: Yigal bin Yusuf;
8 saka taler Efraim: Hosea bin Nun;
9 saka taler Benyamin: Palti bin Rafu;
10 saka taler Zebulon: Gadhiel bin Sodi;
11 saka talere Yusuf, iya talere Manasye: Gadi bin Susi;
12 saka taler Dhan: Amiel bin Gemali;
13 saka taler Asyer: Setur bin Mikhael;
14 saka taler Naftali: Nakhbi bin Wofsi;
15 saka taler Gad: Guel bin Makhi.
16 Iku jenenge wong kang padha kautus dening Nabi Musa nelik marang tanah iku; dene Hosea bin Nun iku diparingi jeneng: Yusak dening Nabi Musa.
17 Anadene Nabi Musa anggone ngutus wong mau nelik tanah Kanaan iku padha diweling mangkene: “Mangkata, saka kene njujuga tanah Negeb, lan padha munggaha ing pagunungan,
18 titipriksanen kaanane nagara iku, mangkono uga bangsa kang ngenggoni, rosa apa ringkih, cacahe sathithik apa akeh;
19 sarta nagara kang dienggoni, becik apa ala; karodene kutha-kuthane kang dienggoni, padha manggon ing tarub apa omah-omah kang santosa,
20 kapriye kaanane tanahe, loh apa cengkar, apa akeh wit-witane apa ora. Padha ditatag lan nggawaa pametune tanah sawatara.” Anadene nalika iku mbeneri mangsa miwiti ngundhuh woh anggur.
21 Wong mau tumuli padha mangkat, nelik tanah iku wiwit saka ing pasamunan Zin tutug ing Rehob, ing dalan kang anjog ing Hamat;
22 kang diliwati dhisik tanah Negeb, banjur tekan ing Hebron; Ahiman, Sesai lan Talmai, turune Enak padha manggon ing kono. Mungguh madege Hebron iku luwih dhisik pitung taun tinimbang Soan ing tanah Mesir.
23 Satekane ing lebak Eskol, padha ngethok pange wit anggur dalah wohe sadhompol, banjur dipikul wong loro; mangkono uga padha nggawa woh delima lan woh anjir sawatara.
24 Panggonan mau kaaranan lebak Eskol, marga saka dhompolan woh anggur kang dikethok dening wong Israel ana ing kono.
25 Sawuse patang puluh dina anggone nelik tanah iku banjur padha bali,
26 tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.
27 Caritane mangkene: “Anggen kula sami panjenengan utus dhateng ing nagari punika inggih sampun kelampahan saged lumebet, mangka sayektos nagari wau luber puwan lan madu, lah punika angsal-angsalipun.
28 Amung kemawon bangsa ingkang ngenggeni nagari punika sami prakosa, saha kitha-kithanipun kiyat santosa saha langkung dening ageng, punapa malih wonten ing ngriku kula inggih sami sumerep turunipun Enak.
29 Tiyang Amalek ingkang ngenggeni tanah Negeb, tiyang Het, tiyang Yebus lan tiyang Amori sami manggen ing pareden, wondene tiyang Kanaan manggen ing sauruting pasisir lan sauruting benawi Yarden.”
30 Ing kono Kaleb banjur mbudi-daya nentremake atine wong sabangsa ana ing ngarsane Nabi Musa, pangucape: “Boten! Kula sadaya sami badhe majeng nglurug, ngejegi nagari punika, margi temtu badhe kita kawonaken!”
31 Nanging para kanca barengane mrana padha celathu mangkene: “Kita boten keconggah nempuh bangsa punika, margi langkung kiyat tinimbang kita.”
32 Wong-wong mau padha aweh pawarta kang ala marang wong Israel bab tanah kang wus ditelik mau, celathune: “Nagari ingkang sampun kula dlajahi lan kula telik punika nagari ingkang mangsa tiyang ingkang ngenggeni, sarta sakathahipun tiyang ingkang sampun sami kula tingali wonten ing ngrika punika dedeg-pangadegipun inggil-inggil.
33 Wonten ing ngriku kula inggih sami ningali tiyang-tiyang ingkang ageng inggil nggegirisi, tiyang Enak ingkang asalipun saking tiyang-tiyang pangawak redi, saha kula ningali badan kula piyambak sami kadosdene walang, sarta tiyang punika anggenipun ningali kula inggih makaten.”