1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
2 “Sira nandukna pamalese wong Israel marang wong Midian; sawuse mangkono sira bakal kaklumpukake karo leluhurira.”
3 Nabi Musa banjur dhawuh marang bangsa iku, pangandikane: “Wong panunggalanmu sawatara padha cecawisa ing perang, nglurugi Midian, padha nandukna pamalese Sang Yehuwah marang Midian iku.
4 Saka sakehe talere Israel, saben taler wong sewu padha lurugna perang.”
5 Tumuli saben taler nyawisake wong sewu, dadi kabeh rolas ewu kang padha arep nglurug perang.
6 Iku tumuli didhawuhi dening Nabi Musa nglurug perang, saben taler wong sewu, sarta dikantheni Pinehas putrane Imam Eleazar, kang nggawa piranti pasucen lan kalasangka kanggo tengara.
7 Banjur padha nempuh perang nglawan Midian, netepi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, sarta wonge lanang kabeh padha dipateni.
8 Saliyane wong-wong kang padha dipateni, wong Israel iya nyedani para ratu ing Midian, yaiku: Sang Prabu Ewi, Rekem, Zur, Hur lan Reba, kabeh cacahe lima; karodene Bileam bin Beor iya dipateni klawan pedhang.
9 Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;
10 dene kutha sawewengkone lan sakehe tarub-tarube padha diobongi.
11 Sakehe rayahan lan bandhangan rupa manungsa lan kewan mau padha digawani.
12 Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.
13 Nabi Musa lan Imam Eleazar sarta sakehe para pemimpine umat banjur padha tindak mapag nganti tekan ing sajabane palereban.
14 Nabi Musa tumuli duka banget marang para panggedhening wadyabala, para panewu lan panatus kang padha mulih saka ing paprangan;
15 pangandikane Nabi Musa marang wong-wong iku: “Apa wonge wadon padha kokuripi kabeh?
16 Lah, rak iya para wong wadon iku ta, kang marga saka pirembuge Bileam, padha njalari wong Israel nganti padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah krana saka Peor, temah umate Sang Yehuwah banjur ketiban wewelak.
17 Kang iku sakehe anake lanang wong-wong iku padha patenana, lan sakehe wong wadon kang wus tau awor turu karo wong lanang iya padha patenana;
18 mung sakehe bocah wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang iku padha uripana kanggo kowe.
19 Nanging kowe iku padha manggona ana ing sajabane pakemahan lawase pitung dina; sapa kang wus mateni wong lan sapa kang nggepok jisime kang mentas dipateni, iku mbirata najise ing dinane kang katelu, lan ing pitung dinane, kowe dhewe lan para wong bandhanganmu.
20 Karomaneh sarupane sandhangan lan sarupane dandanan lulang sarta sabarang gegawean saka wulu wedhus, apadene sakehe piranti kayu iku kudu kabirat najise.”
21 Imam Eleazar banjur ngandika marang bala kang mentas padha nglurug perang mau: “Iki pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa:
22 Mung barang-barang mas, salaka, tembaga, wesi, timah putih lan timbel,
23 samubarang kang tahan geni, iku kaobonga, supaya birat najise. Ewadene iya isih prelu kabirat najise sarana banyu pambirating najis; nanging samubarang kang ora bisa tahan ing geni iku celupna ing banyu.
24 Apamaneh kowe padha ngumbaha sandhanganmu ing dinane kang kaping pitu, temah bakal birat najismu, sawuse mangkono kowe padha kena lumebu ing palereban.”
25 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
26 “Sira nacahna sarupaning bandhangan, kang rupa manungsa lan sato-kewan -- iya sira dalah Imam Eleazar lan para pemimpining umat iku;
27 nuli iku kaparoa, kanggo kang padha nglurug perang, lan kanggo wong saumat kabeh;
28 banjur sira njupuka pisungsung kagem Sang Yehuwah saka para prajurit kang padha nglurug perang, saben limang atuse siji, iya saka manungsa, iya saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus.
29 Iku kajupuka saka kang separo kang dadi pandumane, banjur sira tampakna marang Imam Eleazar minangka pisungsung-mligi kagem Pangeran Yehuwah.
30 Dene separone kang dadi pandumane wong Israel, iku kajupuka saben sekete siji, iya saka manungsa, saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus; dadi saka sarupane raja-kaya, sarta kabeh iku sira pasrahna marang para wong Lewi kang nglakoni ayahan ing Tarube Suci Sang Yehuwah.”
31 Nabi Musa lan Imam Eleazar tumuli padha nglakoni apa kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
32 Anadene bandhangane, yaiku kekarene jarahan kang wus dirayah dening para prajurit, iku gunggunge: wedhus nem atus pitung puluh lima ewu;
33 sapi pitung puluh loro ewu,
34 kuldi sawidak siji ewu.
35 Sabanjure wong-wong, yaiku para wong wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang, cacahe kabeh telung puluh loro ewu.
36 Dene kang separo yaiku pandumane wong kang padha ngetoni perang mau cacahe ana wedhus telung atus telung puluh pitu ewu limang atus.
37 Dadi pisungsung kang sumaos marang Sang Yehuwah ana wedhus nem atus pitung puluh lima.
38 Sapine ana telung puluh nem ewu, dadi pisungsunge kang sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung puluh loro.
39 Kuldine ana telung puluh ewu limang atus, dadi pisungsung kang sumaos marang Sang Yehuwah sawidak siji,
40 lan wonge kabeh nembelas ewu, dadi pisungsunge kang sumaos marang Pangeran Yehuwah telung puluh loro.
41 Pisungsung kang mligi kagem Sang Yehuwah iku banjur diparingake dening Nabi Musa marang Imam Eleazar, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.
42 Anadene separone kang dadi pandumane wong Israel, kang wus dipisah dening Nabi Musa saka pandumane wong kang padha nglurug perang,
43 yaiku kang separo kang dadi pandumane umat iku: wedhus telung atus telung puluh pitu ewu pitung atus,
44 sapi telung puluh nem ewu,
45 kuldi telung puluh ewu limang atus,
46 lan uwong nembelas ewu.
47 Kang separo kang dadi pandumane wong Israel iku saben sekete dipundhut siji dening Nabi Musa, iya kang arupa manungsa lan kang arupa kewan: iku tumuli padha diparingake marang wong bani Lewi, kang padha rumeksa marang Tarub Suci, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.
48 Para panggedhening wadya-bala, yaiku para panewu lan para panatus, banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa,
49 sarta padha matur: “Ingkang abdi sampun sami nacahaken bala ing wewengkon kula, mangka tetela panunggilan kula boten wonten ingkang cecer satunggal-tunggala.
50 Mila kula sami mbekta pisungsung konjuk dhateng Pangeran Yehuwah, saben tiyang saangsalipun piyambak-piyambak, warni: barang mas-masan, kadosta: gelang kroncong, gelang tangan, sesupe cap, anting-anting saha rerenggan dhadha kangge ngawontenaken pirukun tumrap nyawa kula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.”
51 Nabi Musa lan Imam Eleazar tumuli nampeni barang mas-masan iku mau, kabeh arupa barang dandanan kang alus.
52 Dene pisungsung mas kang mligi kang disaosake marang Sang Yehuwah iku kabeh bobote nembelas ewu pitung atus seket sekel, samono iku sesaosane para panewu lan para panatus.
53 Nanging para prajurit iku siji-sijine wis njarah-rayah kanggo awake dhewe.
54 Bareng Nabi Musa lan Imam Eleazar wus nampeni mas iku saka para panewu lan panatus, mas iku banjur dilebokake ing Tarub Pasewakan, kanggo pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. edit 1: fajar '01