1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho:
2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel supaya kutha-kutha kang dadi darbeke, salong kawenehna marang wong Lewi dadia papan panggonane; karomaneh wong Lewi iku iya padha kawenehana lemah panggonan ana ing sakubenge kutha-kutha mau.
3 Kutha-kutha iku dadia duweke minangka papan panggonane, lan lemah pangonan kanggoa kewane lan sakehe ingon-ingone liyane.
4 Tanah pangonan kang sira wenehake marang wong bani Lewi iku, ambane saka baluwarti tekan ing jaba ana sewu asta mubeng.
5 Saka ing sajabane kutha ing sisih wetan sira ngukura rong ewu asta, sisih kidul rong ewu asta, sisih kulon rong ewu asta lan ing sisih lor iya rong ewu asta; dadi kuthane ana ing tengah; iku dadia papan pangonaning kutha-kuthane.
6 Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.
7 Sakehe kutha kang padha kawenehake marang wong bani Lewi iku gunggunge ana kutha patang puluh wolu dalah pangonane.
8 Mungguh kutha kang bakal sira wenehake saka duweke wong Israel iku taler kang akeh cacahe padha kajupuka akeh, kang sathithik, kajupuka sathithik. Siji-sijine taler anggone menehake kuthane menyang wong Lewi iku pinta-pinta miturut duweke.”
9 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
10 “Sira kandhaa marang wong Israel sarta sira tutura: Besuk samangsa sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden menyang ing tanah Kanaan,
11 nuli sira padha miliha kutha-kutha pangungsen kanggo marang sira, supaya kena diungseni dening wong kang gawe pati, mangka anggone njalari patining wong mau ora kanthi kajarag.
12 Kutha-kutha iku padha dadia pangungsenira kanggo ngoncati wong kang duwe wewenang males, supaya wong kang gawe pati iku aja nganti dipateni sadurunge kaajokake marang ing parepataning umat supaya diadili.
13 Dene kutha kang padha kawenehake kanggo kutha pangungsenira iku cacahe nem.
14 Kutha kang telu dumununga ing sabrange bengawan Yarden kene, dene kang telu sira temtokna ana ing tanah Kanaan; iku kabeh padha dadia kutha pangungsen.
15 Kutha nem iku padha dadia pangungsen tumrap wong Israel lan kanggo wong bangsa liya sarta wong kang neneka ana ing tengahira, supaya saben wong kang mateni tanpa kajarag bisa ngungsi mrono.
16 Nanging manawa wong mau anggone mateni nganggo barang wesi, nganti dadi lan patine, wong iku gawe pati; lan wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.
17 Utawa saupama anggone mateni iku nganggo watu kang ana ing tangane, kang bisa njalari patine wong, mangka iya ndadekake lan patine, iku iya wong gawe pati; wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.
18 Sarta maneh saupama dipala klawan piranti kayu kang ana ing tangane, kang bisa njalari patine wong, mangka iya ndadekake lan patine, iku iya wong gawe pati; wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.
19 Waris pulih getih iku kudu mateni wong iku; samangsa ketemu karo wong kang gawe pati iku, dheweke kudu mateni wong iku.
20 Mangkono uga manawa wong mau anggone njotosi marga saka sengit, utawa anggone mbandhem iku klawan kajarag, nganti ndadekake patine,
21 utawa maneh manawa wong mau anggone ngepruk iku marga saka gething nganti ndadekake patine, wong kang mateni mau kudu dipateni; iku wong kang gawe pati; waris pulih getih iku kudu mateni wong kang gawe pati iku samangsa kapethuk.
22 Nanging manawa anggone njotos mau dumadakan ora kalawan rasa memungsuhan, utawa anggone mbandhemake salah sawijining barang ora kanthi kajarag,
23 utawa tanpa dipikir ngeprukake watu kang bisa ndadekake patining wong, temah ndadekake patine, mangka pancen ora duwe rasa gething, utawa ngarah tiwase;
24 parepataning umat ngadilana ing antarane kang gawe pati lan kang wenang males, miturut pranatan-pranatan iki;
25 sarta parepataning umat ngluwarana kang gawe pati iku saka ing tangane wong kang wenang males, lan dibalekna dening parepatan mau menyang ing kuthane pangungsen, kang wus diungseni; nuli tetepa manggon ana ing kono nganti sasedane Imam Agung kang wus kajebadan kalawan lenga suci.
26 Nanging saupama kelakon kang gawe pati mau metu saka watese kutha pangungsen kang wus diungseni iku,
27 mangka kapethuk karo kang wenang males ana ing sajabane watese kutha pangungsen, manawa kang gawe pati iku nuli dipateni dening kang wenang males, kang mateni iku ora utang getih;
28 amarga kang gawe pati iku wajib tetep manggon ana ing kuthane pangungsen nganti sasedane Imam Agung; nanging sasedane Imam Agung, kang gawe pati iku kena mulih menyang ing tanah darbeke dhewe.
29 Iku mau kabeh dadia wewatoning pranatan tumrap ing sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae pamanggonira.
30 Sing sapa mateni wong, kang gawe pati iku dipatenana miturut katrangane para saksi, nanging manawa saksine mung siji, iku paseksene ora cukup tumrap prakara paukuman pati.
31 Tumrap wong kang gawe pati, lan kang kabener kaukum pati, iku sira aja nampani dhuwit panebusing nyawane, poma iku kapatenana.
32 Sarta maneh sira iya aja nampani panebus kanggo wong kang wus ngungsi menyang kutha pangungsen, pamrihe supaya kelilana mulih menyang tanahe dhewe sadurunge sedane Imam Agung.
33 Dadi sira aja gawe camahing tanah kang sira enggoni, awitdene getih iku kang gawe camahing nagara, sarta ora bisa dianakake pirukun kanggo nagara marga saka getih kang kawutahake ana ing wewengkone, kajaba mung srana getihe wong kang wus ngwutahake.
34 Kang iku sira aja nganti padha gawe najise tanah kang sira enggoni, iya kang Sundalemi ing tengahe; awitdene Ingsun, Yehuwah, dedalem ana ing satengahe wong Israel.”