1 Ing kono wong saumat kabeh padha mbengok, sarta wong sabangsa iku padha nangis sawengi natas,
2 karodene padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha matur: “Adhuh bok inggiha kula sami pejah wonten ing tanah Mesir kemawon, utawi wonten ing pasamunan ngriki!
3 Punapaa dene kula sami dipun bekta dening Pangeran Yehuwah dhateng tanah ngriki supados sami tiwas dening pedhang, saha anak semah kula sami badhe dados tawanan? Punapa boten langkung prayogi kula sami wangsul kemawon dhateng tanah Mesir?”
4 Apamaneh padha sapocapan mangkene: “Ayo padha ngangkat pemimpin banjur bali menyang tanah Mesir.”
5 Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepe sagolongane pasamuwane wong Israel;
6 nanging Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune, panunggalane kang wus padha nelik tanah iku, padha nyuwek sandhangane,
7 sarta tutur marang wong saumat Israel kabeh, pangucape: “Tanah kang wus padha daktelik lan dakdlajahi, iku tanah kang luwih dening becik.
8 Manawa kita dadi keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah, kita mesthi bakal padha kelakon diirid lumebu ing nagara iku lan nagara iku bakal diparingake marang kita, nagara kang luber puwan lan madu.
9 Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”
10 Ing kono wong saumat kabeh padha ngancam arep mbenturi watu marang Yusak lan Kaleb; nanging kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngetingal marang wong Israel kabeh ana ing Tarub Pasewakan.
11 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.
12 Bangsa iki bakal Sungebag kalawan pageblug lan bakal Suntumpes, nuli sira iku bakal Sundadekake bangsa kang luwih gedhe lan luwih kuwasa tinimbang karo iku.”
13 Nanging unjuke Nabi Musa marang Sang Yehuwah: “Manawi bangsa Mesir mireng bab punika, mangka Paduka ingkang sampun ngentasaken bangsa punika saking tanganipun kanthi kasekten Paduka,
14 temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.
15 Pramila manawi bangsa punika Paduka pejahi ngantos telas, para bangsa ingkang sampun sami mireng pawartos bab Paduka, temtu badhe sami reraosan makaten:
16 Sarehne Pangeran Yehuwah ora keconggah ngirid lumebu bangsa iku menyang tanah kang wus diprasetyakake klawan supaos, mulane padha ditumpes ana ing pasamunan.
17 Ingkang punika mugi ing samangke pangwaos Paduka sageda tetela luhuripun, nyondhongi pangandika Paduka, wiraosipun:
18 Pangeran Yehuwah iku luwih dening sabar sarta luber sih-kamirahane, kang ngapura kaluputan lan panerak, sanajan kang nglakoni mesthi ora luput saka paukuman, malah malesake durakane para bapa ana ing anakputu, turun ping telu lan ping pat.
19 Mugi Paduka karsaa ngapunten kalepatanipun bangsa punika, awit saking gunging kamirahan Paduka, inggih kados anggen Paduka sampun karsa ngapunten kalepatanipun bangsa punika wiwit saking tanah Mesir ngantos dumugi ing ngriki.”
20 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Iya wus padha Sunapura, kaya kang dadi panyuwunira.
21 Mung bae, demi Ingsun agesang lan salumahing bumi kebekan kaluhuraning Yehuwah:
22 sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,
23 iku mesthi ora bakal padha ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang para leluhure! Sakehe wong kang wus nyampahi marang Ingsun, mesthi ora ana kang bakal ndeleng.
24 Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.
25 Anadene wong Amalek lan wong Kanaan padha manggon ana ing lebak. Sesuk sira padha balia, budhala menyang ing pasamunan, nuju marang segara Teberau.”
26 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa lan Imam Harun:
27 “Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,
28 padha sira dhawuhana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah: Demi Ingsun agesang, mesthi sira padha Suntanduki apa kang wus padha sira ucapake ana ing ngarsaningSun.
29 Jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan, iya iku sakehe panunggalanira kang wus padha kacathetan, kang umur rong puluh taun sapandhuwur ora ana kang kajabakake, amarga sira wus padha ngadumeli marang Ingsun.
30 Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.
31 Dene anak-anakira kang padha sira arani yen bakal dadi tawanan, iku kang bakal padha Sunirid lumebu ing kono, supaya iku padha ngawruhana tanah kang padha sira tampik.
32 Balik mungguh sira, jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan iki,
33 dene anak-anakira bakal padha nglambrang kayadene pangon ana ing pasamunan kene lawase patang puluh taun, bakal padha nanggung kamursalanira, nganti sira wus padha mati tumpes-tapis ana ing pasamunan kene.
34 Anggonira bakal padha nyangga kaluputanira iku lawase nganti patang puluh taun, miturut cacahing dina enggonira padha nelik marang tanah iku, patang puluh dina; sadina dietung setaun, supaya sira padha ngerti rasane, manawa sira Sunsingkur.
35 Ingsun, Yehuwah, kang mangandikani iki. Lah iku mau bakal Suntandukake kabeh marang sagolongane wong kang ala iki. Kang wus padha sarujukan nglawan marang Ingsun; mesthi bakal padha tumpes ana ing pasamunan kene lan ana ing kene anggone bakal padha mati.”
36 Anadene wong kang padha kautus dening Musa nelik tanah, mangka sabaline banjur ndadekake sagolongane wong kabeh padha ngedumeli marang Nabi Musa, marga saka anggone nglairake pawarta kang ala ing ngatase tanah mau,
37 wong iku padha mati kena ing wewelake Pangeran Yehuwah;
38 panunggalane wong kang wus padha nelik tanah, mung Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune kang padha lestari urip.
39 Bareng Nabi Musa wus rampung anggone ndhawuhake pangandika iku mau marang wong Israel kabeh, wong-wong padha banget susahe.
40 Esuke isih repet-repet banjur padha tangi, sumedya munggah ing pucake gunung, ature: “Lah sapunika kula sami badhe majeng nglurug ing panggenan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, kula pancen sampun sami damel dosa.”
41 Nanging pangandikane Nabi Musa: “Yagene kowe padha arep nglirwakake pangandikane Pangeran Yehuwah? Sedyamu mangkono mau ora bisa kelakon.
42 Aja padha nglurug, marga Sang Yehuwah mesthi ora nunggil karo kowe, aja nganti kowe padha kagecak dening mungsuhmu,
43 awit wong Amalek lan wong Kanaan padha ana ing ngarepmu kono, lan kowe bakal padha tiwas dening pedhang; awitdene kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah, dadine Sang Yehuwah iya ora bakal nunggil karo kowe.”
44 Ewadene wong-wong mau padha nekad munggah ing pucake gunung, nanging pethining prasetyane Sang Yehuwah lan Nabi Musa ora mingked saka papan palereban.
45 Wong Amalek lan wong Kanaan kang padha manggon ing pagunungan kono banjur padha mudhun lan nempuh marang wong-wong mau, temah padha keplayu nganti tutug ing Horma.