18 Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,
19 kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa. Mangkono Nabi Musa anggone nacahake umat ana ing pasamunan Sinai.
20 Mungguh sarasilahe turune Ruben pembarepe Israel iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.
21 Gunggunge saka taler Ruben kang kacathet iku ana patang puluh nem ewu limang atus.
22 Mungguh sarasilahe turune Simeon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur roh puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.
23 Gunggunge kang kacathetan saka taler Simeon ana seket sanga ewu telung atus.
24 Mungguh sarasilahe turune Gad iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.