2 “Sira nacahna umat Israel kabeh miturut kulawangsane ing sajrone suku-sukune, sakehe wong lanang ing Israel tulisana jenenge siji-sijine,
3 kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.
4 Dene kang dadi kanthinira tumrap saben taler wong siji, minangka pemimpine kulawangsane.
5 Iki jenenge wong-wong kang padha dadi kanthinira: Saka taler Ruben: Elizur bin Syedeur;
6 saka taler Simeon: Selumiel bin Zurisyadai;
7 saka taler Yehuda: Nahason bin Aminadhab;
8 saka taler Isakhar: Netaneel bin Zuar;