20 Mungguh sarasilahe turune Ruben pembarepe Israel iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.
21 Gunggunge saka taler Ruben kang kacathet iku ana patang puluh nem ewu limang atus.
22 Mungguh sarasilahe turune Simeon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur roh puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.
23 Gunggunge kang kacathetan saka taler Simeon ana seket sanga ewu telung atus.
24 Mungguh sarasilahe turune Gad iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.
25 Gunggunge kang kacathetan saka taler Gad iku ana patang puluh papat ewu nem atus seket.
26 Mungguh sarasilahe turune Yehuda iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.