51 Samangsa Tarub Suci mangkat, wong Lewi kang kudu ngrucati, lan samangsa leren, wong Lewi kang kudu ngadegake; manawa ana wong lumrah kang nyedhaki, kaukuma pati.
52 Wong Israel samangsa padha lereb, siji-sijine manggona ing tarube dhewe-dhewe, cedhak karo panji-panjine, miturut golongane,
53 nanging wong Lewi kudu lereb ing saubenge Tarub Suci panggonaning angger-anggere Gusti Allah, supaya umat Israel aja nganti kena ing bebendu; wong Lewi kudu rumeksa marang Tarub Suci, panggonaning angger-angger iku.”
54 Anadene wong Israel iya padha nglakoni kaya mangkono; ngetrepi kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake kabeh. edit 1: fajar 21 des'00