29 Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, marasepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”
30 Nanging atur wangsulane marang Nabi Musa: “Kula boten tumut, kula badhe mantuk dhateng tanah kula lan dhateng panggenanipun kula-wangsa kula.”
31 Pangandikane Nabi Musa: “Aku aja kok tinggal ta, awitdene ana ing pasamunan kene kowe kang weruh, ngendi kang kena padha dakenggo lereb, mulane kowe dadia juru tuduh dalan kanggo aku kabeh.
32 Manawa kowe melu aku, kabecikan kang bakal ditandukake dening Sang Yehuwah marang aku, iya bakal padha daktandukake marang kowe.”
33 Tumuli padha budhal saka ing gununge Pangeran Yehuwah, dohe nganti lakon telung dina, sarta pethining prasetyane Pangeran Yehuwah diusung ana ing ngarep dhewe sajroning lumaku telung dina mau, golek panggonan kanggo lereb.
34 Dene samangsa budhal saka ing palereban, ing wayah awan padha kaeyuban ing megane Sang Yehuwah.
35 Anadene saangkate pethi, Nabi Musa munjuk marang Pangeran Yehuwah mangkene: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng, supados mengsah Paduka sami pating slebar saha tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami keplajenga saking ngarsa Paduka.”