11 Nuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Kadospundi dene tangkep Paduka dhumateng abdi Paduka kok awon makaten, punapaa kawula boten pikantuk sih-palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula ngantos Paduka paringi tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya?
12 Punapa kawula ingkang ngandhut bangsa punika sadaya, punapa inggih kawula ingkang nglairaken, dene ngantos Paduka dhawuhi: Sira boponga, kaya emban anggone mbopong pasusone, kagawaa menyang tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang para leluhure.
13 Saking pundi anggen kawula pikantuk daging ingkang saged kawula sukakaken dhateng tiyang sabangsa punika sadaya? Awit sami nangis dhateng kawula saha pangucapipun: Kula mugi panjenengan paringi daging, badhe kula tedha.
14 Kawula boten kuwawi nyanggi piyambak tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya, awit punika kawraten tumrap kawula.
15 Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”
16 Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.
17 Nuli Ingsun bakal tumedhak sarta bakal ngandikan karo sira ana ing kono, nuli Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggung-jawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.