Wilangan 11:19-25 JAV

19 Ora mung sadina anggonmu padha mangan, ora mung rong dina, ora limang dina, ora sepuluh dina, ora rong puluh dina,

20 nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”

21 Nanging unjuke Nabi Musa: “Bangsa ingkang kawula tunggil punika cacahipun nem atus ewu sami lumampah dharat, mangka kok wonten dhawuh Paduka: Bakal padha Sunparingi daging kang dipangan nganti sesasi muput.

22 Punapa badhe sami kapragataken menda utawi lembu ingkang cekap kangge tiang samanten punika? Utawi punapa badhe kapendhetaken sakathahipun ulam ing saganten ngantos nyekapi?”

23 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”

24 Nabi Musa tumuli miyos sarta ndhawuhake pangandikane Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, karomaneh nglumpukake wong pitung puluh panunggalane para pinituwane umat, padha didhawuhi ngadeg ing saubenge tarub.

25 Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.