Wilangan 11:21-27 JAV

21 Nanging unjuke Nabi Musa: “Bangsa ingkang kawula tunggil punika cacahipun nem atus ewu sami lumampah dharat, mangka kok wonten dhawuh Paduka: Bakal padha Sunparingi daging kang dipangan nganti sesasi muput.

22 Punapa badhe sami kapragataken menda utawi lembu ingkang cekap kangge tiang samanten punika? Utawi punapa badhe kapendhetaken sakathahipun ulam ing saganten ngantos nyekapi?”

23 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”

24 Nabi Musa tumuli miyos sarta ndhawuhake pangandikane Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, karomaneh nglumpukake wong pitung puluh panunggalane para pinituwane umat, padha didhawuhi ngadeg ing saubenge tarub.

25 Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.

26 Anadene ing palereban isih ana wong loro kang kari, kang siji jenenge Eldad, sijine Medad, kang iya padha kapanjingan ing Roh, iku iya kalebu panunggalane kang kacathetan, nanging padha ora melu metu menyang tarub, mulane iya banjur padha medhar wangsit kaya nabi ana ing palereban.

27 Banjur ana sawijining wong nom lumayu ngaturi uninga marang Nabi Musa, ature: “Eldad kaliyan Medad sami medhar wangsit wonten ing palereban.”