29 Nanging banjur dipangandikani dening Nabi Musa: “Yagene nganti samono anggonmu mbelani aku? Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!”
30 Nabi Musa banjur tindak wangsul menyang ing pakemahan kadherekake dening para pinituwane Israel mau.
31 Tumuli ana angin midid kang asale saka Pangeran Yehuwah, kang nggawa manuk gemak saka ing pinggire segara banjur kasebar ana ing sadhuwure palereban sarta ing saubenge, ing keblat papat, nganti watara lakon sadina, dhuwure saka ing lemah watara rong asta.
32 Wong-wong banjur padha tumandang nglumpukake manuk gemak mau nganti sadina muput lan sawengi natas, dalah esuke iya sadina muput maneh; saben wong siji anggone nglumpukake sathithik-sathithike sapuluh homer, tumuli padha didhendheng disebar ana ing saubenge palereban.
33 Nalika daginge iku isih ana ing cangkem, durung nganti kamamah, banjur mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, padha kagebag ing wewelak kang abot banget dening Sang Yehuwah.
34 Awit saka iku panggonan kono katelah aran: Kibrot-Taawa, marga ana ing kono anggone padha ngubur wong-wong kang srakah.
35 Saka ing Kibrot-Taawa umat mau banjur budhal menyang Hazerot, tumuli lereb ana ing kono. edit 1: fajar '01