1 Kacarita Ibu Miryam lan Imam Harun padha nutuh marang Nabi Musa prakara wong wadon bangsa Etiopia kang wus dipundhut garwa, marga panjenengane pancen wus mundhut garwa wong bangsa Etiopia iku.
2 Pangucape Ibu Miryam lan Imam Harun: “Apa Pangeran Yehuwah iku anggone maringake pangandika mung lumantar Musa bae, apa ora iya lumantar kita uga?” Mangka kang mangkono mau kapiyarsa dening Sang Yehuwah.
3 Anadene Nabi Musa iku luwih dening alus bebudene, ngungkuli sakehe wong ing salumahe bumi.
4 Padha sanalika Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun sarta Ibu Miryam: “Sira wong telu padha sebaa menyang Tarub Pasewakan.” Wong telu iku tumuli iya padha seba.
5 Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ana ing sajroning tugu mega, lan jumeneng ana ing lawanganing tarub, tumuli nimbali Imam Harun lan Ibu Miryam. Sakarone iya padha banjur ngadhep.