12 Keng bakyu aja ditegakake ing sajroning kaanan kaya bayi lair wus mati iku, kang nalika metu saka ing guwa garbane ibune, daginge wus setengah bosok.”
13 Nabi Musa tumuli sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nyarasaken piyambakipun.”
14 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Saupama diidonana raine dening bapakne, apa ora nandhang kawirangan nganti pitung dina? Dheweke kasetrakna ana ing sajabane pakemahan nganti pitung dina, sawuse mangkono kena ditampani maneh.”
15 Ibu Miryam dadine banjur disetrakake ana ing sajabane palereban lawase pitung dina; lan wong-wong padha ora budhal sadurunge Ibu Miryam katampan maneh.
16 Sawuse mangkono banjur budhal saka ing Hazerot, banjur padha lereb ana ing pasamunan Paran.