4 Padha sanalika Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun sarta Ibu Miryam: “Sira wong telu padha sebaa menyang Tarub Pasewakan.” Wong telu iku tumuli iya padha seba.
5 Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ana ing sajroning tugu mega, lan jumeneng ana ing lawanganing tarub, tumuli nimbali Imam Harun lan Ibu Miryam. Sakarone iya padha banjur ngadhep.
6 Panjenengane nuli ngandika: “Samengko sira padha ngrungokna pangandikaningSun iki: Manawa ing satengahira ana nabi, anggoningSun ngatingal marang wong iku sarana wahyu, lan anggoningSun maringi pangandika sarana impen:
7 ora kaya mangkono mungguh abdiningSun Musa, iku tumemen ana ing sapadalemaningSun kabeh,
8 aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”
9 Ing kono mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang wong loro mau sarta tumuli jengkar.
10 Bareng megane wus pindhah saka ing sadhuwure tarub, lah Ibu Miryam iku nandhang memala saraat, rupane putih kaya salju; nalika Imam Harun noleh marang Ibu Miryam, katon wus nandhang memala saraat.