29 Dadia kanggo wong Israel asli utawa kanggo bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, mung ana angger-angger siji kang kanggo wong-wong mau, tumrap anane wong kang nglakoni kaluputan tanpa kajarag.
30 Balik mungguh wong kang nindakake apa-apa kanthi kajarag, dadia wong Israel asli utawa bangsa liya, iku dadine nyenyamah marang Sang Yehuwah, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane,
31 marga wus ngremehake marang pangandikaning Yehuwah sarta mbubrah pranatane; wong iku poma katumpesa, katempuhna nyangga durakane.”
32 Nalika wong Israel padha ana ing pasamunan, ana kang meruhi sawijining wong ripik-ripik kayu obong pinuju ing dina Sabat,
33 wong-wong kang ngonangi banjur nggawa wong mau marang ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun, sarta wong saumat kabeh.
34 Wonge tumuli dilebokake ing tahanan, marga durung ana katemtuan bab putusane.
35 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong iku poma kaukuma pati; dibenturana watu dening wong Israel saumat kabeh ana ing sajabane palereban.”