Wilangan 18:1-7 JAV

1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun: “Sira lan anak-anakira dalah turune leluhurira kudu padha nyangga sadhengah kaluputan marang ing pasucen; sabanjure mung sira lan anak-anakira kang nanggung sadhengah kaluputan, kang dilakoni ing sajroning kalenggahanira imam.

2 Mangkono uga para sadulurira talere Lewi, iya talere leluhurira iya konen seba bareng karo sira supaya padha dadi kanthinira lan ngladenana marang sira, nalika sira dalah anak-anakira padha ngadhep ana ing Tarube angger-angger.

3 Padha nglakonana kuwajibane ngladeni marang sira, lan tumrap ing satarub kabeh; nanging aja nganti padha nyedhaki marang pirantine pasucen lan marang misbyah, supaya aja nemahi pati, iya wong-wong iku iya sira dhewe.

4 Kudu padha dadi kanthinira lan nglakonana kuwajibane tumrap ing Tarub Pasewakan miturut sakehe ayahan ing tarub iku, nanging wong-wong lumrah aja ana kang nyedhaki sira.

5 Dene sira iku kang padha rumeksa marang pasucen lan misbyah, supaya wong Israel aja nganti padha kataman bebendu maneh.

6 Lah Ingsun wus mundhut para sadulurira wong Lewi saka ing antarane wong Israel minangka peparing marang sira kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, supaya padha nglakonana ayahan ana ing Tarub Pasewakan;

7 nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”