15 Sadhengah kang lair dhisik saka wetenganing angger daging, kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, dadia arupa manungsa utawa kewan, iku dadia pandumanira. Nanging pambarepe manungsa iku sira tebusa; mangkono uga pambarepe kewan kang karam iya katebusa.
16 Anadene dhuwit tebusane iku, tumrap manungsa wiwit umur sesasi tebusane miturut sapamurwatira, dhuwit limang sekel selaka, miturut sekelan pasucen; sekel iki bobote ana rong puluh gera.
17 Nanging pambarepe sapi, wedhus gibas utawa wedhus jawa, iku aja sira tebus, kabeh iku padha dadia sengkeran, getihe kasiramna ing misbyah lan gajihe kaobonga dadi kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah;
18 dene daginge iku dadi pandumanira, kayadene pisungsung dhadha lan sampile kang tengen, iku iya dadi pandumanira.
19 Sakehe pisungsung-mligi sengkeran kang padha dipisungsungake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, iku Sunparingake marang sira dalah saanak-anakira lanang lan wadon, minangka pranatan kang kanggo ing salawase, iku prajanjian kang mawa uyah kanggo ing salawase ana ing ngarsane Sang Yehuwah kanggo sira dalah saturunira.”
20 Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun: “Ana ing nagarane sira ora bakal oleh tanah pusaka lan ora bakal oleh panduman ana ing tengahe; Ingsun kang dadi pandumanira sarta pusakanira ana ing tengahe wong Israel.
21 Mungguh wong bani Lewi, lah iku padha Sunparingi sakehe pisungsunge prasepuluhan wong Israel minangka pusaka, kanggo pituwase ayahan kang dilakoni, yaiku kuwajibane ana ing Tarub Pasewakan.