17 Nanging pambarepe sapi, wedhus gibas utawa wedhus jawa, iku aja sira tebus, kabeh iku padha dadia sengkeran, getihe kasiramna ing misbyah lan gajihe kaobonga dadi kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah;
18 dene daginge iku dadi pandumanira, kayadene pisungsung dhadha lan sampile kang tengen, iku iya dadi pandumanira.
19 Sakehe pisungsung-mligi sengkeran kang padha dipisungsungake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, iku Sunparingake marang sira dalah saanak-anakira lanang lan wadon, minangka pranatan kang kanggo ing salawase, iku prajanjian kang mawa uyah kanggo ing salawase ana ing ngarsane Sang Yehuwah kanggo sira dalah saturunira.”
20 Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun: “Ana ing nagarane sira ora bakal oleh tanah pusaka lan ora bakal oleh panduman ana ing tengahe; Ingsun kang dadi pandumanira sarta pusakanira ana ing tengahe wong Israel.
21 Mungguh wong bani Lewi, lah iku padha Sunparingi sakehe pisungsunge prasepuluhan wong Israel minangka pusaka, kanggo pituwase ayahan kang dilakoni, yaiku kuwajibane ana ing Tarub Pasewakan.
22 Dene wong Israel aja ana maneh kang nyedhaki Tarub Pasewakan, satemah ndadekake dosane lan banjur nemahi pati,
23 mung wong bani Lewi kang padha nglakonana ayahane ana ing Tarub Pasewakan, lan iku padha nyanggaa apa kang dadi kaluputane; iku dadia pranatan kanggo ing salawase nganti ing saturun-turunira; wong iku ora bakal padha oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel;