3 Padha nglakonana kuwajibane ngladeni marang sira, lan tumrap ing satarub kabeh; nanging aja nganti padha nyedhaki marang pirantine pasucen lan marang misbyah, supaya aja nemahi pati, iya wong-wong iku iya sira dhewe.
4 Kudu padha dadi kanthinira lan nglakonana kuwajibane tumrap ing Tarub Pasewakan miturut sakehe ayahan ing tarub iku, nanging wong-wong lumrah aja ana kang nyedhaki sira.
5 Dene sira iku kang padha rumeksa marang pasucen lan misbyah, supaya wong Israel aja nganti padha kataman bebendu maneh.
6 Lah Ingsun wus mundhut para sadulurira wong Lewi saka ing antarane wong Israel minangka peparing marang sira kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, supaya padha nglakonana ayahan ana ing Tarub Pasewakan;
7 nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”
8 Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun mangkene: “Lah Ingsun wus maringi bubuhan marang sira rumeksa marang pisungsung-mligi kagem Ingsun; sakehe pisungsunge sengkeran wong Israel Sunparingake marang sira lan anak-anakira minangka pandumanira; iku katetepan kanggo ing salawase.
9 Mungguh sesengkeran kang suci pinunjul, yaiku kang ora kudu kaobong, iku dadia bageanira, iya sarupane sesaosan kang arupa kurban dhaharan utawa kurban pangruwating dosa sarta kurban dhendha kang disaosake marang Ingsun, iku bagean suci pinunjul kang dadi pandumanira lan anak-anakira.