Wilangan 18:6-12 JAV

6 Lah Ingsun wus mundhut para sadulurira wong Lewi saka ing antarane wong Israel minangka peparing marang sira kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, supaya padha nglakonana ayahan ana ing Tarub Pasewakan;

7 nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”

8 Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun mangkene: “Lah Ingsun wus maringi bubuhan marang sira rumeksa marang pisungsung-mligi kagem Ingsun; sakehe pisungsunge sengkeran wong Israel Sunparingake marang sira lan anak-anakira minangka pandumanira; iku katetepan kanggo ing salawase.

9 Mungguh sesengkeran kang suci pinunjul, yaiku kang ora kudu kaobong, iku dadia bageanira, iya sarupane sesaosan kang arupa kurban dhaharan utawa kurban pangruwating dosa sarta kurban dhendha kang disaosake marang Ingsun, iku bagean suci pinunjul kang dadi pandumanira lan anak-anakira.

10 Iku kapangana minangka panduman kang suci pinunjul. Sakehe wong lanang kena mangan; iku pandumanira kang sengkeran.

11 Sarta kang kasebut iki iya dadia pandumanira: pisungsung-mligi yaiku sesaosane liyane, kalebu uga pisungsung goyangan leladene wong Israel, Sunparingake marang sira dalah saanak putunira lanang lan wadon, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Saben gegelitaning brayatira kang ora najis kena mangan iku.

12 Sakehe lenga pilihan lan anggur pilihan apadene gandum, iya wiwitaning pametu kang padha disaosake marang Sang Yehuwah, iku Sunparingake marang sira;