12 Ing telung dinane wong iku ngruwata dosane nganggo banyu mau, dene ing dina kapitune wus ora najis. Nanging manawa ing telung dinane ora ngruwat dosane, ing pitung dinane ora ilang najise.
13 Saben wong kang nggepok jisim, yaiku badane manungsa kang wus mati, mangka ora ngruwat dosane, iku dadi najisake Tarub Sucining Yehuwah, wong kang mangkono iku katumpesa saka ing Israel, marga ora disiram ing banyu pambirating najis, mulane dadi najis lan tetep kadunungan najis.
14 Iki angger-angger manawa ana wong kang mati ana ing sajroning tarub, sapa kang lumebu ing tarub iku, lan kabeh kang ana ing tarub kono mesthi dadi najis pitung dina lawase;
15 apadene sadhengah wadhah kang bukakan lan ora nganggo dilarabi rapet, iku iya dadi najis.
16 Mangkono maneh saben wong kang ana ing ara-ara kang nggepok badane wong kang dipateni sarana pedhang, utawa nggepok jisim apa balunging manungsa apa kuburan, iku iya dadi najis lawase pitung dina.
17 Anadene wong kang kena ing najis kaya mangkono iku, kajupukna awune kurban pangruwating dosa kang kaobong mau, kadokoka ing wadhah lan kaesokana banyu kang mili.
18 Nuli sawijining wong kang ora najis njupuka hisop, kacelupna ing banyu iku mau, banjur dikepyurna marang ing dhuwure tarub lan sapirantine kabeh lan wong-wong kang ana ing kono; mangkono uga marang wong kang nggepok balung utawa wong kang dipateni, kang nggepok jisim apa kuburan iku mau.