24 Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Efraim, miturut golongane ana satus wolu ewu satus. Iku budhale kang nomer telu.
25 Kang ana ing sisih lor panji-panjine taler Dhan, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Dhan yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.
26 Balane kang kacacahake iku ana suwidak loro ewu pitung atus.
27 Kang lereb ing sacedhake iku taler Asyer, kang dadi pemimpine taler Asyer yaiku: Pagiel bin Okhran.
28 Balane kang kacacahake iku ana patang puluh siji ewu limang atus.
29 Banjur taler Naftali, kang dadi pemimpine taler Naftali yaiku: Ahira bin Enan.
30 Balane kang kacacahake iku ana seket telu ewu patang atus.