Wilangan 20:14-20 JAV

14 Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,

15 bilih leluhur kawula sami pindhah dhateng ing tanah Mesir, ngantos lami anggen kawula sami manggen wonten ing Mesir, mangka tiyang Mesir sami daksiya dhateng kawula saha para leluhur kawula.

16 Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.

17 Mugi paduka marengna kawula sami langkung ing nagari paduka; kawula boten badhe langkung ing pategilan utawi pakebonan anggur paduka, sarta inggih boten badhe ngombe toya ing sumur paduka; kawula namung badhe langkung ing margi ageng kemawon, boten mawi menggok ngiwa utawi nengen, ngantos kawula sami dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

18 Nanging wangsulane wong Edom: “Sampeyan boten kenging langkung ing talatah kula, awit temtu badhe kula papagaken kalayan pedhang.”

19 Ature wong Israel: “Kawula badhe medal ing margi ageng, saha manawi kawula lan raja-kaya kawula ngantos ngombe toya paduka, badhe kawula aturi sepinten reginipun; panyuwun kawula namung uger kepareng nratas lumampah dharat kemawon, namung punika.”

20 Ewasamono wangsulane wong Edom tetep: “Boten kenging sampeyan langkung ing ngriki.” Malah wong Edom banjur padha metu mapagake klawan rakyate lan wadya-bala akeh.