16 Saka ing kono lakune menyang ing Beer, yaiku sumur kang kadhawuhake dening Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Bangsa iku sira klumpukna, nuli bakal Sunparingi banyu.”
17 Ing nalika iku wong Israel ngrepekake kidung kang surasane:“He, sumber, mumbula! Ayo padha kekidungan sesauran,marga saka sumur, kang kadhudhuk dening para raja iki,
18 kang didhudhuk dening para panggedhe ana ing satengahe bangsa ikukalawan jungkating karajan, kalawan tekene.”Saka ing pasamunan banjur padha budhal menyang ing Matana;
19 saka ing Matana menyang ing Nahaliel; saka ing Nahaliel menyang ing Bamot,
20 lan saka ing Bamot menyang ing lebak, ing wewengkone tanah Moab, sandhing pucake gunung Pisga, kang ngadhepake Ara-ara Samun.
21 Sawuse lelakon iku wong Israel nglakokake kongkonan marang ngarsane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, prelu ngaturake panyuwunan mangkene:
22 “Kawula mugi sami kalilana langkung ing nagari paduka, kawula badhe boten nyleweng dhateng pategilan utawi dhateng pakebonan anggur paduka, inggih boten badhe ngombe toyaning sumur paduka; namung margi ageng kemawon ingkang badhe kawula langkungi ngantos dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”