22 “Kawula mugi sami kalilana langkung ing nagari paduka, kawula badhe boten nyleweng dhateng pategilan utawi dhateng pakebonan anggur paduka, inggih boten badhe ngombe toyaning sumur paduka; namung margi ageng kemawon ingkang badhe kawula langkungi ngantos dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”
23 Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.
24 Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.
25 Wong Israel padha ngrebut sakehe kuthane, sarta padha ngenggoni kuthane bangsa Amori kabeh, yaiku ing Hesybon lan ing sawewengkone kabeh.
26 Dene Hesybon iku kutha padalemane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori; Sang Prabu iku dhek biyen paprangan karo ratu ing Moab kang dhisik, sarta kelakon bisa ngrebat nagarane kabeh nganti tekan ing kali Arnon.
27 Marga saka iku para juru ngarang kidung padha ngucap mangkene:“Padha maraa menyang Hesybon, nagarane Sang Prabu Sihon kabangunalan kasantosakna!
28 Sabab ana geni metu saka ing Hesybon,kutha padalemane Sang Prabu Sihonmetu urube, kang mangsa Ar-Moab,kang ngwasani tengger-tengger ing saurute kali Arnon.