26 Dene Hesybon iku kutha padalemane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori; Sang Prabu iku dhek biyen paprangan karo ratu ing Moab kang dhisik, sarta kelakon bisa ngrebat nagarane kabeh nganti tekan ing kali Arnon.
27 Marga saka iku para juru ngarang kidung padha ngucap mangkene:“Padha maraa menyang Hesybon, nagarane Sang Prabu Sihon kabangunalan kasantosakna!
28 Sabab ana geni metu saka ing Hesybon,kutha padalemane Sang Prabu Sihonmetu urube, kang mangsa Ar-Moab,kang ngwasani tengger-tengger ing saurute kali Arnon.
29 Bilai sira Moab,sangsara sira, he bangsa Kamos!Anake lanang padha kadadekake wong keplayu,lan anake wadon padha dadi tawanane Sang Prabu Sihonratune bangsa Amori.
30 Wong-wong mau padha daktamani gegaman,Hesybon lebur nganti tekan ing Dhibon,lan kita dadekake pasamunan nganti tekan ing Naftalikang gumelar nganti tekan ing Medeba.”
31 Kaya mangkono iku wong Israel banjur padha ngenggoni nagarane bangsa Amori.
32 Sawuse iku Nabi Musa tumuli utusan nelik marang kutha Yaezer, kutha-kutha wewengkone Yaezer padha karebut kabeh sarta wong Amori kang padha manggon ana ing kono padha ditundhungi.