30 Wong-wong mau padha daktamani gegaman,Hesybon lebur nganti tekan ing Dhibon,lan kita dadekake pasamunan nganti tekan ing Naftalikang gumelar nganti tekan ing Medeba.”
31 Kaya mangkono iku wong Israel banjur padha ngenggoni nagarane bangsa Amori.
32 Sawuse iku Nabi Musa tumuli utusan nelik marang kutha Yaezer, kutha-kutha wewengkone Yaezer padha karebut kabeh sarta wong Amori kang padha manggon ana ing kono padha ditundhungi.
33 Sabanjure padha minger nglurug menyang ing tanah Basan. Sang Prabu Og ratu ing Basan banjur methukake kalawan wadya-balane njujug ing Edrei.
34 Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira aja wedi karo wong iku, marga iku Sunulungake ing tanganira dalah rakyate kabeh apadene nagarane. Kabeh iku sira etrapana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon ratune wong Amori kang manggon ana ing Hesybon.”
35 Sang Prabu Og mau tumuli disorake dalah putrane lan rakyate kabeh, nganti ora ana wonge siji bae kang bisa oncat, nagarane banjur diejegi. edit 1: fajar 01