5 banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”
6 Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake ula mandi marang umat iku, kang banjur padha nyakoti wong akeh, temah panunggalane bangsa Israel akeh kang padha mati.
7 Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”
8 Nabi Musa nuli ndongakake umat iku, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira gawea rerekan ula mandi, banjur kapanjera ing cagak; ing kono saben wong kang kacakot, mangka tumuli mandeng marang rerekan ula iku, bakal lestari urip.”
9 Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.
10 Wong Israel banjur padha budhal sarta leren ana ing Obot.
11 Sawuse budhal saka ing Obot banjur padha nginep ing sacedhake jugrugan ing Abarim, ing pasamunan kang kaprenah ana ing sawetane tanah Moab.