6 Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake ula mandi marang umat iku, kang banjur padha nyakoti wong akeh, temah panunggalane bangsa Israel akeh kang padha mati.
7 Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”
8 Nabi Musa nuli ndongakake umat iku, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira gawea rerekan ula mandi, banjur kapanjera ing cagak; ing kono saben wong kang kacakot, mangka tumuli mandeng marang rerekan ula iku, bakal lestari urip.”
9 Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.
10 Wong Israel banjur padha budhal sarta leren ana ing Obot.
11 Sawuse budhal saka ing Obot banjur padha nginep ing sacedhake jugrugan ing Abarim, ing pasamunan kang kaprenah ana ing sawetane tanah Moab.
12 Nuli padha budhal saka ing kono, sarta lereb ana ing lebake kali Zered.