9 Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.
10 Wong Israel banjur padha budhal sarta leren ana ing Obot.
11 Sawuse budhal saka ing Obot banjur padha nginep ing sacedhake jugrugan ing Abarim, ing pasamunan kang kaprenah ana ing sawetane tanah Moab.
12 Nuli padha budhal saka ing kono, sarta lereb ana ing lebake kali Zered.
13 Sawuse budhal saka ing kono, banjur padha nginep ana ing sabrange kali Arnon, kang ana ing pasamunan, sarta kang metu saka ing tlatahe bangsa Amori; dene kali Arnon iku dadi tapel-watese tanah Moab, kaprenah ana ing antarane bangsa Moab lan bangsa Amori.
14 Mulane ing buku critane perange Pangeran Yehuwah dipratelakake: “Waheb ing Sufa lan lebak-lebake kali Arnon,
15 sarta peperenge lebak-lebak; pepereng iku ambane nganti tekan ing papan prenahe kutha Ar, mepet karo tapel-watese tanah Moab.”