1 Wong Israel tumuli padha mbanjurake lakune sarta padha lereb ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.
2 Anadene Sang Prabu Balak putrane Sang Zipor mirsa sakehe panggawene bangsa Israel marang wong Amori,
3 mulane wong Moab padha kataman giris marang bangsa iku, marga cacahe akeh, satemah geter lan wedi marga saka wong Israel iku.
4 Kang iku wong Moab banjur padha calathu karo tuwa-tuwane bangsa Midian: “Wadya-bala ingkang kathahipun samanten punika temtu badhe ngrayud samukawis ing saubeng kula sadaya, kadosdene lembu anggenipun nyenggut tetuwuhan ijem ing ara-ara.” Anadene ing nalika iku Sang Prabu Balak putrane Sang Zipor jumeneng ratu ing Moab.